Rabu, 23 Januari 2013

Sucining Kaweruh Sejati
  • Manungsa nganglang Jagat,  Jagat kang katon warnane, Jagat kang kosong anane, kosong kang ana isine, isi kang kalebu rasa,  rasa kang ngesti suci,  sejatine suci Ingsun Suci Sejati.

 

  • Manungsa kang kaapit nepsu,  nepsu kang alembana, patang penjuru limang sanepa. Anggoleki wahyu lan rejeki, tibaning wengi ngancike surya, podho gemrubyuk angewangi donya gedhe kang mlebu ning donya cilik, sarana kodrat ginaris suci.

 

  • Siji nyawiji dadi,  apa kang kalebu laku bakale mlaku. Pancering suci sejatine rasa, mandaping suci Kitab Kasampurnan Suci Sejati, kanggo mengeti sejatining rasa, rasa kang suci nyembah sejati, sowan sejatine suci, Ingsun Suci Sejati, kalebu kodrate donya, kalebu ginarise donya.

 

  • Wus kacungkup dening rasa suci, ngalembana kang sejati ana donya, kosong kang pernahe ana, nyucuk anggone laku, yen ta suci bakale mlaku, anggone angen aja digawa temen, gegayuhan suci ya lakune papat, lima anggone ngawasi, yen ta ngesti kabeh bakale mlaku.

 

  • Wedar kang tinampa suci, aja disepelekake, abot anggone nyonggo, tinempa Jaman bakale mati, bejo bejane jaman, wong kang angesteni bakale mlaku, wis tumeka dadi, angandap surya tinatah suci, wong kang suci bakale mukti.

 

  • Sanak kadang rekaos lakune, anggone ngunduh tineba diri, yen ra ngerti, dalane bakale mati, anggur ngesti, bakale mlaku, tiba tinibaning laku, pepadhange surya kang amadhangi, pinuju laku bakale mlaku.

 

  • Tibaning suci Kitab Kasampurnan Suci Sejati, lakuning Jaman kang bakal mlaku, rasah kuwatir anggone nerana, yen ta suci bakale dadi. Ampas wis digawa bali, anggone ngesti ayo ditambahi, pepunden suci bakal anuntuni,

 

  • Agemane tinatah suci, ya Priya Gung Ratu kang adil, bakale mlaku ning alam donya, tineba kodrat lan ginaris suci, wus tumeka tibaning wektu, Kitab Kasampurnan Suci Sejati, kang dadi lakune, laku ning arah suci, sowan jumenenge Ingsun, wus kaprabawa dening Ingsun, Kitab Kasampurnan Suci Sejati, tinempa kodrat lan ginaris suci, dadi lakuning suci, dadi lelaku ning sejati, ning alam donya .Rahayu ,rahayu, rahayu.

 

Ilmu Suci Kasampurnan Sejati saka Ingsun
Tak turunke kanggo sira kabeh kang pinaringan
Ijin Ingsun
Patrap ilmu Kasampurnan Sejati uwis dadi
Kodrat saka Ingsun
Pinuju kanggo sowan Ingsun, uga balik saka
Kodrat Ingsun
Uga Ingsun pinaringan kekal Ingsun kang
Dadeke sira kabeh kang kawengku dene
Ingsun
Ilmu Kasampurnan Sejati uga kasebut
Ilmu bali, bali ning kodrat Ingsun
Sapa sira kang pinaringan ijin Ingsun
Ingsun pinaringan sira suci kaya Ingsun
Sapa sira kang pinaringan ijin Ingsun
Ora ngesteni Ingsun
Ingsun pinaringan hukuman suci Ingsun
Owal saka kodrat Ingsun
Sing sapa sira suci ngesteni dawuh
Ingsun
Ingsun pinaringan kasampurna saka
Kodrat Ingsun

Ilmu Kasampurnan Sejati uga kasebut
Ilmu Gusti
Sing dadeke sira nunggal karo Ingsun
Ilmu Kasampurnan Sejati uga kasebut
Ilmu luhur
Ilmu Kasampurnan Sejati uga kasebut
Ilmu sejatine urip saka kodrat Ingsun
Ilmu Kasampurnan Sejati uga kasebut
Ilmu cahya, cahya saka Ingsun
Ilmu Kasampurnan Sejati uga kasebut
Ilmu Ingsun
Ingsun pinaringan ginaris uga kodrat
Ingsun ngandapke Putra Suci Sejati
Ingsun kanggo mernahke patrap
Ilmu Kasampurnan Sejati uga
Kitab Kasampurnaning Sejati kanggo
Sira
Wis dadi ngesteni Ingsun sira
Kawengku dene Ingsun

Jejere Kitab Kasampurnaning Sejati
Agawe rana ning piwulang suci
Kitab Kasampurnaning Sejati
Awujud Kitab Suci Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Ingsun uga ngandapke
Ilmu Kasampurnan Sejati
Awujud ilmu luhur
Awujud ilmu suci
Uga awujud ilmu Gusti
Sapa sira
Kang pinaringan ijin suci Ingsun Sejati
Uga kalebu ngesti Ingsun Sejati
Bakal tinampa ilmu Kasampurnan Sejati
Dadeke suci saka kersa Ingsun
Uga dadeke luhur saka kersa Ingsun
Ilmu Kasampurnan Sejati
Agawe suci rasa sejati sira
Jumeneng suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Kabeh saka Ingsun

Ilmu Kasampurnan Sejati
Bakale mandap ning Ndonya rubeda
Ingsun pinaringan utusan suci Ingsun Sejati
Awujud Putra Suci Ingsun Sejati
Uga Para Suci Ingsun Sejati
Kang dadi jejere piwulang suci
Uga dadi jejere ilmu suci
Kanggo sira kang kalebu suci saka kersa Ingsun
Uga kanggo sira kang pinaringan
Ijin suci Ingsun Sejati
Uga kalebu ngesti suci Ingsun Sejati
Kabeh kalebu pinaringan suci Ingsun
Jumeneng suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati
Kalebu ilmu ginaris suci Ingsun Sejati
Uga kalebu ilmu kodrat suci Ingsun Sejati
Kalebu pilihan suci Ingsun Sejati
Kang bakal tinampa ilmu Kasampurnan Sejati
Uga kalebu rasa sejati kang suci
Pinaringan ijin suci Ingsun Sejati
Ngunjuk atur sowan Ingsun

Kitab Kasampurnaning Sejati
Uga kasebut Kitab Jumeneng Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Kitab Kasampurnaning Sejati
Awujud rohing suci Ingsun Sejati
Jroning suci kasebut sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Kitab Kasampurnaning Sejati
Kasebut Kitab Ingsun Suci Sejati
Jumeneng suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Kitab Kasampurnaning Sejati
Kitab Manunggaling Kawula Gusti
Ijin suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Kitab Kasampurnaning Sejati
Kitab Suci Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Jejere suci Ingsun Sejati
Kitab Kasampurnaning Sejati
Kitab ilmu Kasampurnan Sejati
Luhuri jumeneng suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati

Kitab Kasampurnaning Sejati
Awujud titah suci kang sejati
Pinaringan Ingsun Suci Sejati
Kabeh kalebu suci kang sejati
Ingsun pinaringan Kitab Kasampurnaning Sejati
Amarga Ndonya wis kalebu rusak
Rusak Ndonyane uga rusak Manungsane
Kang ateges
Ndonya suci pinaringan Ingsun Sejati
Kasebut digawe rusak
Uga Ndonya suci pinaringan Ingsun Sejati
Kasebut dipilara
Duweni arti Ndonyane ora diopeni ateges Manungsa sing rusak
Duweni arti Manungsa wis akeh sing lali
Karo jejere Ingsun Sejati
Manungsa akeh sing ilang rasa sejatine
Manungsa akeh kang luput
Luput saka kersa Ingsun
Manungsa akeh sing kalebu prahara
Uga wis dadi titi wancine
Kasebut Jangka Sejati
Uga duweni arti Ndonya Suci

Kitab Kasampurnaning Sejati
Bakale mandap ning Ndonya
Kanggo sira kang kalebu
Suci saka kersa Ingsun
Pinaringan ijin suci Ingsun
Ngesti rasa sejati sira marang Ingsun
Kitab Kasampurnaning Sejati
Agawe tentrem rasa sejati sira
Agawe suci rasa sejati sira
Agawe mukti rasa sejati sira
Kitab Kasampurnaning Sejati
Awujud suci Ingsun Sejati
Dadeke suci Ndonya rubeda
Dadeke suci kang kasebut Manungsa
Kitab Kasampurnaning Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Jumeneng suci Ingsun Sejati
Kitab Kasampurnaning Sejati
Jejere suci Ingsun Sejati
Piwulang suci Ingsun Sejati
Dawuh suci Ingsun Sejati
Rasa sejati kang suci

Kitab Kasampurnaning Sejati
Ateges piwulang suci Ingsun Sejati
Uga sabda suci Ingsun Sejati
Jroning kuwasa suci Ingsun Sejati
Kang pinaringan dawuh suci Ingsun Sejati
Awujud Putra Suci Ingsun Sejati
Kang alenggahi jumeneng suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Uga Para Suci Ingsun Sejati
Pinaringn dawuh suci Ingsun Sejati
Anglindungi Putra Suci Ingsun Sejati
Uga bantu tugas Putra Suci Ingsun Sejati
Kabeh kalebu Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Kitab Kasampurnaning Sejati
Uga babar ilmu Kasampurnan Sejati
Awujud ilmu suci pinaringan Ingsun Sejati
Kitab Kasampurnaning Sejati
Awujud wedar suci Ingsun Sejati
Ateges piwulang sejati pinaringan Ingsun Sejati
Uga kasebut patrap suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati

Ilmu Kasampurnan Sejati
Kalebu salah sijine isi Kitab Kasampurnaning Sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati
Sejati sejatine suci Ingsun Sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati
Ilmu suci puncak rasa sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati
Pasowanan suci Ingsun Sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati
Jroning suci Ingsun Sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati
Jumeneng suci Ingsun Sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati
Rasa sejati kang suci
Ilmu Kasampurnan Sejati
Sabda suci Ingsun Sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati   
Kuwasa suci Ingsun Sejati
 Ilmu Kasampurnan Sejati
Ijin suci Ingsun Sejati
Kabeh kasebut pinaringan suci Ingsun Sejati

Kitab Kasampurnaning Sejati
Pinangka pertanda luhuring Jaman
Kasebut Jaman kang suci
Ateges Jaman alenggahan Ingsun Sejati
Awujud Putra Suci Ingsun Sejati
Uga Jaman alenggahan Para Suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Kitab Kasampurnaning Sejati
Pinangka pertanda mandape dawuh suci Ingsun Sejati
Awujud Pengadilan Agung
Ateges sapa sira kang pinaringan suci saka kersa Ingsun
Uga pinaringan ijin suci Ingsun Sejati
Uga ngesti suci Ingsun Sejati
Bakal tinampa urip lan panguripan suci
Sapa sira kang ora kalebu suci Ingsun Sejati
Uga ora pinaringan ijin suci Ingsun Sejati
Uga ora ngesti suci Ingsun Sejati
Kasebut mati
Owal saka kodrat lan ginaris suci Ingsun
Mlebu ning alam peteng
Kabeh kalebu pinaringan suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati

Jumeneng suci Ingsun Sejati
Alenggahan Putra Suci Ingsun Sejati
Kang pinaringan kodrat lan ginaris suci Ingsun
Jalma kasebut Manungsa
Lenggah ning Ndonya rubeda
Kabeh kalebu pinaringan suci Ingsun Sejati
Kanggo baleke jejere Ingsun Sejati
Uga mernahke ngesti Ingsun Sejati
Awujud ilmu Kasampurnan Sejati
Uga Kitab Kasampurnaning Sejati
Kanggo sira kabeh kalebu pilihan Ingsun
Kabeh kalebu suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati
Jumeneng suci Ingsun Sejati
Jroning suci Ingsun Sejati
Ilmu Kasampurnan Sejati
Kalebu babar Kitab Kasampurnaning Sejati
Sabda suci Ingsun Sejati
Mlebu ning Kitab Kasampurnaning Sejati
Roh suci Ingsun Sejati
Mlebu ning Kitab Kasampurnaning Sejati
Jumeneng suci Ingsun Sejati
Sejatine Ingsun Ingsun Sejati


(Wahyuning ghaib tumetes hing papan palenggahan kang Suci,
dalane cahya hing telenging kalbu Sejati

1 komentar:

  1. Mbah artikel sucining kawruh sejati kok sama persis dengan web kasampurnansejati.com ya...?

    BalasHapus